27.10.07

DONGA MBAH PETRUK

Duh Gusti, kaparinga kawula gampang pados rejeki, lan kadadosna manah kawula leluberan, tan owel ngedumaken rejeki dateng sesami. Mugi gesang kawula mboten kacingkrangan ing sandhang pangan. Gesang kawula tansah kajeglong-jeglong, katangekno kawula dhuh Gusti, lan paringana margi padhang lan jaya wijayaning pangajeng-ajeng. Senadyan sudra lan papa, mugi kawula saged tansah nirahaken gegadhahan kawula kangge sesami. Kateguna badan kula, amrih saged kiyat lan nyakup ing samubarang gawe. Mugi kepanjangaken dhiri kawula, tansah pikoleh ing pambudi daya. Srana nugraha Gusti, mugi namung kabecikan ingkang medal saking lesan kawula. Kawiyarna manah kawula, berbudi bawa leksono. Mugi tadhah kawula tansah wareg ing boga, tuwuk ing kawruh. Kaparingana kawula sura panggah wani njangkah, ngranggeh gegayuhaning ngagesang.


Donga menika rinepto dening Sindhunata

Tidak ada komentar: